Senin, 13 Juni 2011

Lirik lagu ''Aselole'' (jaranan dangdut)

Your Ad Here
Mak, iki anakmu prawan 
Wiwit biyen ono ning perantauan 
Melu ngewangi ning kantin sekolahan 
Telung sasi,Mak, aku durung bayaran. 
Mak dongamu mandi tenan 
Diijabahi marang Gusti Pangeran 
Koyo ngene rasane wong ora duwe 
Duwe pisan diece karo kancane. 
Eling2 manungso bakale mati 
Yen wis mati dikubur sanak family 
Dipendem jero diapit bumi.
Ono kubur iku akeh pandosa 
Ulo, klabang, kolojengking podo moro 
Ono setan membo2 dadi prawan 
Bene krasan ono ning jero kuburan.
Ning akherat ora ono montor liwat 
Ning akherat ora ono sego berkat 
Ning akherat ora ono mejo billiard 
Anane godone malaekat. 
Saksugih-sugihe uwong mesti ono mlarate 
Sakmlarat- mlarate uwong mesti ono celengane. 
Mangkane golek bojo ojo mandang rupo 
Rupo elek kuwi yo ora dadi ngopo 
Mangkane golek bojo ojo mandang bondho 
Sing penting ora ngentekke bondho morotuwo 
Kowe pancen keren koyo bekas pacarku biyen 
Kok eman-eman tenan tresnamu mung kanggo obralan 
Ngobral- ngobral janji, durung mesti uripmu mulyo 
Wiwit mulo aku wis kondo, 
melu Pakmu urip nang ndeso
ngewangi nggawe boto, 
menek klopo ceblok bongko
DOWNLOAD MP3= aselole.mp3.

0 komentar:

Poskan Komentar

blog friend